Wong cilik

Wong cilik linggih dingklik, ongklak angklik.
Dingklike cilik yen di senggol njempalik.

Wuala..... dadi wong ki nek cilik nyandang ra patiyo apik, mangane sithik yen arep tanduk ndadak lirak lirik.

Yen salah sithik sing gede banjur mendelik, arep nandangi apa-apa mesti gendulak-gendulik.

Wong cilik - wong cilik nduwe duit sithik ya kepingin iwak pitik.

Nanging kabeh mau ndadekake kepenak, amargo ora nate KPK tilik.

Wis ya Yu, aku mulih disik aku lagi ninggal dang-dangan sega berase pulen, beras menthik.

Salam ya Yu kanggo pak Lik

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar